Pamarentah penjajah Walanda judheg pikire, bola-bali saben nyoba mbedhah
kadipaten Tegal ora tau kelakon. Aja maneh nguwasani pinangka dhaerahlarlaran
jajahan, mlebu kutha wae ora bisa. Apa maneh Kadipaten Tegal dipandhegani
dening adipati Martalaya sing ora tedhas gegaman apa wae.kompeni banjur gawe
akal-akalan ngedu Adipati Martalaya karo sedulure tunggal guru yaikuMartapura.
Martapura diiming-imingi kalungguhan adipati angger bisa mateni Adipati
Martalaya. Martapura nyarujuki pepenginane Kumpeni. Martapura banjur teka ing
Kadipaten Tegal.
Martapura : “Adhi Martalaya,
tekaku mrene sepisan tilik keslametanmu sakulawargamu. Dene sing kaping pindhne
aku dadi jagoning Kumpeni sing saperlu ngelikake lan ngajak Adhi supaya gelem
rerangkulan karu Kumpeni.”
Martalaya : “kakang, aku matur
nuwun dene Kakang keraya-raya gelem niliki aku lan kulawargaku ana Kadipaten
Tegal iki. Nanging Kakang, aku babar pisan ora bisa minangkani panjaluke Kakang
supaya aku gegandhengan karo bangsa penjajah sing tansah sawiyah-wiyah
marangbangsane dhewe.”
Martapura : “Lo, mengko dhisik,
Dhi. Kumpeni ora bakal sawiyah-wiyah marang Adhi Martalaya. Malah Kumpeni bakal
awehpambiyantu amrih panguwasaning Adhi Martalaya tetep bisa lestari.”
Martalaya : “Ora kakang. Aku ora
perlu bantuane bangsa penjajah sing murang tata lan seneng tumindak nistha
iku.”
Martapura : “Adhi Martalaya! Ngucap
aja angger ngucap. Aku iki dutaning Kumpeni. Yen kowe ora gelem nuruti
panjalukku, kowe bakal adu arep karo aku, Dhi!”
Martalaya : “We la Kakang,
sadumuk bathuk sanyari bumi takbelani tumekaning pati, Kakang! Iki ora ateges
aku nrunyak murang tata wani marang sedulur tuwa, nanging iki bab martabating
bangsa, Kakang! Dakladeni karepmu, Kakang!”
Banjur Martalaya lan Martapura adu kadikdayan atosing balung kandeling
kulit ana plataraning kadipaten Tegal uga dipunsekseni para punggawa lan para
prajurit kabeh.
……………………………………………………………………………………………………………………
1. Saka punggelan crita
drama kasebut, sapa sing dadi paraga protagonis yaiku ....
A. Martapura
B. Martalaya
C. Kumpeni
D. Prajurit
2. Saka punggelan crita drama ing dhuwur, Seting
panggonan rerembugan ana ing ....
A. Alun-alun Tegal
B. Markas Kumpeni
C. Daleme Martalaya
D. Plataran kadipaten Tegal
3. Sapa wae kang dadi paraga utama jroning crita drama
kasebut ....
A. Martalaya
B. Martapura
C. Martalaya lan Kumpeni
D. Martalaya lan Martapura
4. Pitutur jroning punggelan crita drama ing dhuwur yaiku
....
A. Manut bangsa penjajah iku mesthi kepenak ing uripe
B. Kawula alit iku kedah manut ujare para penggedhe
negara
C. Sedulur enom iku ora oleh wani duga marang sedulur
tuwa
D. Manungsa iku kudu wani njaga martabating bangsane dhewe-dhewe
Wacanen punggelan crita wayang ing ngisor kanthi setiti !
………………………………………………………………………………………………………………
Sang prabu utusan nimbali sawijing pandhita asma Begawan Wasista atur pamrayoga, sang
nata kaaturan sidhekah ing jawata. Atur rembuge Bengawan wasista atur pamrayoga, sang
nata kaaturan sidhekah ing jawata. Atur rembuge Begawan wasista gawe renaning
panggalih, nuli kalapahan.
………………………………………………………………………………………………………………
5. Wong kuwi
diwajibne usaha kanggo ngowahi nasibe.
Tembung kang tegese padha karo usaha ing wacan ndhuwur yaiku ....
A. mbudidaya
B. kasembadan
C. pamrayoga
D. asedhekah
6. Tegese tembung
Jawata yaiku ....
A. Raja
B. Dewa
C. Pandhita
D. Prameswari
7. Salah sijine karya sastra sing nduweni perangan kanggo
diparagakake (dimainake) dening aktor diarani ....
A. drama
B. sesorah
C. tembang
D. geguritan
8. Salah satunggale jinis drama Jawa sing oleh
penghargaan saka UNESCO yaiku ....
A. Ketoprak
B. Wayang
C. Lenong
D. Ludruk
9. Supaya drama iku lumaku kanthi becik ( X ) ... kedah bisa milah lan milih ( Y ) ... sing trep
karo watake kang bakal ditampilake. Ora mung iku wae ananging kudu bisa aweh
tuladha, mimpin lan nyorteni sakabehane kru.
Saka katrangan ing dhuwur ceceg-ceceg tandha ( X ) sing trep diiseni ....
A. Paraga
B. setting
C. sutradara
D. improvisasi
10. Saka katrangan ing dhuwur ceceg-ceceg tandha ( Y )
sing trep diiseni ....
A. paraga
B. prolog
C. setting
D. dialog
11. Urut-urutane prastawa (peristiwa) ing crita
drama wiwit saka prolog, klimaks nganti tumekan pungkasane crita diarani ....
A. alur
B. setting
C. prolog
D. paraga
12. Mobah mosike polatan para paraga jroning main drama
diarani ....
A. epilog
B. mimik
C. konflik
D. setting
Wacanen teks tembang Jawa ing ngisor iki !
………………………………….
Abote wong nandang tresna / Tak belani nganti tekan pati / Tresnaku mung
kanggo sira / Arjuna bagus sing merak ati / Awan bengi ra bisa lali / Tansah
eling esemmu / Nganti kapan aku ra ngerti / Bisa nyanding sliramu / Abote dadi
wong sudra / Tresna tulus ora dipercaya / Wong tuwa ngumbar sujana / Tansah
ngira aku wong durjana / Pancen dalan sing tak liwati / Ngalor, ngidul mung
dengkul / Paribasan turu klesetan / Uripku tansah cedhak pacoban / Wong
bagus-wong bagus tak enteni / Lilane wong tuwaku nerima kowe / Sing sabar-sing
sabar ya tresnaku /
Ing tembe mburi bakal dadi duweku / Duh Gusti sing tak puji paringono dalan kanggo tresnaku.
13. Teks tembang Jawa ing dhuwur kalebu jinise ....
A. Tembang dolanan
B. Tembang macapat
C. Tembang tengahan
D. Tembang gagrag anyar
14. Irah-irahan tembang Jawa kasebut yaiku ....
A. Tresna tulus
B. Tresna sudra
C. Nandang tresna
D. Pacobaning tresna
15. Miturut teks tembang Jawa ing dhuwur “Tansah ngira
aku wong durjana” nduweni teges ....
A. Wong sing bagus
B. Wong sing sugih bandha
C. Wong sing tumindake ala
D. Wong sing ora duwe bandha
16. Saka tesk ing dhuwur tembung “ sudra “ nduweni
teges ....
A. wong asor
B. Wong sugih
C. wong gedhe
D. wong pangkat
17. Irah-irahan tembang Jawa ing dhuwur yen ditulis
nganggo aksara Jawa sing bener yaiku ....
A. p[cobnNi=t}sN
B. t}sNtulus
C. nnF=t}sN
D. t}sNsuf]
18. Ing ngisor iki sing kalebu jinise tembang macapat
yaiku ....
A
|
B
|
C
|
D
|
Prau layar
Kupu kuwi
Layang kapindo
Tresna sudra
|
Layang swara
Asmaradhana
Jambu alas
Cinta tak terpisahkan
|
Asmaradhana
Dhandhanggula
Kinanthi
Pangkur
|
Tak tunggu balimu
Buta-buta galak
Titip kangen
Luntur
|
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki !
Para mudha aja bosen ngudi kawruh
Ilmu kasat mata
Ilmu batin den jajagi
Iku kabeh kanggo sangu uripira
19. Tembang macapat ing dhuwur kalebu jinise ....
A. Tembang asmaradhana
B. Tembang kinanthi
C. Tembang pangkur
D. Tembang pucung
20. Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku ....
A. 12p – 6i – 8i – 12i
B. 12h – 6a – 8i – 12a
C. 12u – 6a – 8i – 12a
D. 12kawru – 6mata – 8jagi – 12ira
21. Cacahing wanda saben sagatra diarani ....
A. guru lagu
B. guru gatra
C. guru sastra
D. guru wilangan
22. Tembang kang watake
sedih lan kelangan pangarep-arep yaiku tembang ....
A. Pangkur
B. Gambuh
C. Kinanthi
D. Megatruh
23. Tembang macapat iku cacahe ana ....
A. 10
B. 11
C. 12
D. 13
Wacanen sapada tembang macapat ing ngisor iki kanthi setiti!
Sinom
Amenangi
jaman edan
Ewuh aya
ing pambudi
Melu edan
nora tahan
Yen ta
melu anglakoni
Boya
keduman melik
Kaliren
wekasanipun
Dilalah
kersa Allah
Begja-begjane
wong kang lali
Luwih
begja wong eling lawan waspada
24. Guru gatra tembang sinom ing dhuwur ana ....
A. 9
B. 8
C. 7
D. 6
25. Guru lagu tembang sinom ing dhuwur yaiku ....
A. n – i – n – i – k – n
– h – I – a
B. a – i – u – i – i – u
– h – i – a
C. a – i – n – i – i – n
– h – i – a
D. a – i – a – i – i – u
– a – i – a
26. Nalika candra ndadari utawa tanggal 15 bocah-bocah jaman rumiyen padha
dolanan ing plataran banjur padha nembangake tembang dolanan. Tembang dolanan
apa sing trep karo kahanan kasebut ....
A. Jamuran
B. Padhang mbulan
C. Sluku-sluku bathok
D. Cublak-cublak suweng
Gatekna para seniman tembang Jawa ing ngisor iki !
1. Ki Ageng
Selo
5. Ki Ng.Rangga Warsito
2. Ki Anom
Suroto
6. Ki Narto Sabdo
3. Ki Enthus
Susmono
7. Ki Manteb Sudarsono
4. Ki Ageng
Suryamentaram
8. Sri Sultan Hamengkubuwana IV
27. Sing kalebu seniman tembang Jawa gagrag anyar yaiku ....
A. 2 – 3 – 6 – 7
B. 2 – 4 – 5
– 6
C. 1 – 4 – 5
– 8
D. 1 – 2 – 6 – 8
Gatekna tembang dolanan ing ngisor iki !
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
28. Pitutur jroning tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....
A. Wong ing alam donya iku kedah iling lan waspada
B. Wong urip iku aja adigang, adigung, adiguna
C. Wong urip iku sing sapa salah kudu seleh
D. Wong urip iku ora oleh gundhul
29. Dong dinge swara ing pungkasane gatra diarani ....
A. Guru lagu
B. Guru basa
C. Guru gatra
D. Guru wilangan
Wacanen teks sesorah ing ngisor iki, kanggo mangsuli pitakonan angka 30
tumekane 32!
1
|
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
|
2
|
Minangka purwakaning atur sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Maha Agung ingkang sampun paring rahmat, taufik
sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga saged makempal ing papan punika
mangayu bagiya adicara purnawiyata siswa-siswi kelas 9.
|
3
|
Bapak/Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan
Kula minangka sesulihipun siswa-siswi kelas 9, ngaturaken panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng bapak / ibu guru ingkang sampun ndidik kula sakanca
kanthi sae lan sabar. Kula sakanca nyuwun agunging pangaksami sedaya
kelepatan. Kathah kenangan ingkang sampun kababar, wonten ingkang sae lan
wonten ingkang awon. Kula sadar bilih bapak / ibu guru ingkang sampun
minteraken lan nuwuhaken semangat pasinaonipun kula sakanca.
|
4
|
Sedaya pambiyantunipun bapak / ibu guru, kula sakanca, mboten saged caos
pinwales. Ingkang saged kula lampahi namung nyuwun donga dhumateng Gusti
Ingkang Maha Agung mugi-mugi bapak / ibu dipunparingi kakuwatan lan
karaharjan. Amin
|
5
|
Sasampunipun kula kaliyan kanca-kanca nyuwun donga pangestu mugi-mugi
saged nggayuh punapa ingkang kula sakanca kajengaken.
|
6
|
Wusana cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkungipun atur,
nyuwun agunging samodra pangaksami.
|
7
|
Wassalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun
|
30. Saka teks sesorah ing dhuwur sing kalebu perangan surasa basa tinemu ing
angka ....
A. 2
B. 3
C. 4
D. 5
31. Saka teks sesorah ing dhuwur sing kalebu perangan
wasana basa tinemu ing angka ....
A. 2
B. 3
C. 5
D. 6
32. Saka teks sesorah ing dhuwur sing kalebu perangan purwaka tinemu ing angka ....
A. 1
B. 2
C. 6
D. 7
33. Medharake gagasan ing ngarepe wong akeh (umum) kanthi tujuan
tartamtu diarani ....
A. sesorah
B. tembang
C. geguritan
D. sandhiwara
34. Sajroning pidhato / tanggap wacana iku ngemot ....
A. Salam pambuka, isi, purwaka, pangarep-arep, dudutan, panutup
B. Isi, salam pambuka, pangarep-arep, panutup, purwaka,
dudutan
C. Salam pambuka, purwaka, isi, dudutan, pangarep-arep,
panutup
D. Pangarep-arep, salam pambuka, isi, purwaka, panutup, dudutan
35. Ing ngisor iki olah sarira sing apik nalika tanggap wacana yaiku ....
A. Anteng, asring banda tangan
B. Akeh ngguyu sing digawe-gawe
C. Ngadheg asring ndheleng cathetan
D. Ngadheg kang lumrah, pasuryan ngadhep lan tenang
Wacanen wacan ing ngisor kanthi setiti !
Sinau iku penting banget tumprap para siswa. Apamaneh yen asring maca ning
perpustakaan. Mula bocah-bocah padhaa menyang perpustakaan. Miliha lan wacanen
buku-buku ing perpustakaan supaya tambah kawruhmu.
36. Cuplikan wacana ing dhuwur tujuwane yaiku ….
A. Menehi hiburan ing perpustakaan
B. Menehi pangerten pentinge sinau
C. Nyenengake siswa tumprap perpustakaan
D. Menehi pangerten pentinge perpustakaan
Gatekna punggelan teks sesorah ing ngisor iki !
………………………………………………..
Pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula ndherekaken lampahing adicara ing
siang menika kathah klenta-klentuning atur saha solah bawa ingkang mboten
mranani, saestu kula minangka pranatacara naming saged ngaturaken kupat duduh
santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten. Mugi rahayu ingkang tansah pinanggih.
Nuwun.
………………………………………………..
37. Ukara ing dhuwur kalebu perangan sesorah ingkang …..
A. pangarep-arep
B. salam
penutup
C. wasana basa
D. purwaka
38. Ing ngriki kula minangka sesulih Kepala Desa, badhe
ngaturaken Sugeng ari adi, Minal aizil wal faizin.
Tegese tembung sesulih ing wacan ndhuwur yaiku …..
A. wakil
B. kanca
C. pimpinan
D. andhahan
39. Aksara murda iku cacahe ana ….
A. 3
B. 5
C. 8
D. 20
40. Penganggone aksara murda yaiku ....
A. Nulis jeneng dhiri,
jeneng kutha, jeneng gelar
B. Nulis jeneng dhiri,
jeneng kewan, jeneng cekakan
C. Nulis jeneng desa,
jeneng saka basa Arab, jeneng angka
D. Nulis jeneng gunung, jeneng saka basa Arab, jeneng angka
41. Sesorah atur pambagyaharja ing pasamuan sepekenan
bayi.
Sepeken tegese
....
a. 5 dina c.
35 dina
b. 30 dina d.
40 dina
42. Sing kagungan damel sepekenan bayi yaiku ....
a. Pak Bratdarmaja c.
Sutresna
b. Pak Eka
Aji Nugraha d. Para
Sesepuh
43. Ingkang selajengipun mbokmenawi anggenipun anampi
karawuhan panjenengan sedaya kirang tata, kirang trapsila, saha kirang
bojakrami. Sing ora katindakake ing pambangyaharja yaiku....
a. lantip ulah
basa c.
andhap asor
b. ngurmati d.
gumedhe
44. Nusakambangan kalebu wewengkon kabupaten ....
a. Pekalongan c.
Banjar negara
b. Cilacap d. Brebes
45. Wacan tulisan jawa ing ngarep irah-irahane....
a. Ajunung Dhiri Ana ing Lathi
b. Kegedhen Empyak
Kurang Cagak
c. Tut Wuri
Handayani
d. Binneka Tunggal
Ika
46. Wacan tulisan jawa ing ngarep migunakake aksara swara
....
a. c.
b. d.
47. Ngripta tembang macapat sing bener yaiku ...,
kajaba....
a. kudu migunakake basa sing muluk-muluk
b. isine babagan
pasinaon
c. migunake guru
lagu, guru gatra lan guru wilangan
d. saben sagatra
gunggunge ora luwih saka 10 wilangan
48. Tembang pocung ana ... gatra.
a. 3 c. 5
b. 4 d. 6
49. Watake tembang pocung yaiku ... kajaba
a. kendho c. sereng
b. sakepenake d. sembrana
50. Sing ora kalebu aksara swara yaiku ....
a. c.
b. d.
51. Wujud aksara rekan ana ....
a. 5 c. 7
b. 6 d. 8
52. Sing ora kalebu aksara rekan yaiku ....
a. c.
b. d.
53. Mula bukane Kutha Semarang kalebu ....
a. sage c.
legenda
b. mithe d.
fabel
54. Pangetan dinten kamardikan Negari Republik Indonesia.
Tegese tembung
pengetan yaiku ....
a. pahargyan c.
nguri-uri
b. nglestarekake d. ngrembakakake
55. Kula kinten cekap semanten atur kula ....
Sempalan ukara
kasebut kalebu perangane tanggap wacana ....
a. pambuka c.
panutup
b. isi d.
pangajeng-ajeng
56. Pratelan iki sing ora trep tumrap kota Semarang yaiku
....
a. sisih kidul
pegunungan hawane adhem
b. sisih wetan
papane cendhek hawane panas
c. sisih lor
pesisir hawane panas
d. sisih kulon
papane dhuwur hawane adhem
57. Abdi ing crita Oleh Piwalis duwe watak ....
a. sregep
c. anteng
b. kesed d.
bodho
58. Wondene bendarane duwe watak ....
a. julig c.
wicaksana
b. srei d.
angkara murka
59. Apa sebabe abdi ora diparingi cadhong?
a. Abdine ora
gelem nedha.
b. Abdi ngalah
marung bendarane.
c. Yen mangsa
mengkono luwe maneh.
d. Minangka ajaran
marang abdine.
60. Cerita iki sing ora kalebu legenda yaiku ....
a. crita kota
Banyuwangi
b. crita Bethara
Kala
c. crita Mula
Bukane kota Semarang
d. crita
Karangbolong
Tidak ada komentar:
Posting Komentar